Halo gaes.. Saiki aku meh mbahas permasalahan ning njero hubungan. Yosori nek aku ngeblog kui nyambi rodok enek curhate sitik ya gaaeesss.. Tapi sak durunge aku nulis, aku wes merenung mikirne iki sek. So, ojo nganggepe aku ki abege labil sing randue konco curhat.
Dalam menjalin hubungan, akeh cah enom sing pacaran mergo tren kui isine mung padu wae karo yange. Saiki tak takon, koe siap pacaran karo de.e tapi kok koe rasiap nompo kelakuane de.e sing koyo embuh kui? Lucu baatttssss.... Kudune ya, nek koe sanggup pacaran kudune yo sanggup nompo de.e, nek rasanggup ngopo mbiyen daden? Gur mbok enggo ngakeh-akehi mantan? Ben mbok kiro koe payu? Lakoei opo? Dagangan? Oh~
Ora sitik yoan cah nom-noman pacaran sitik-sitik ngmg pedot, oalah.. Nek koe emang arep pedot, lambokwes koe wingi rasah mlaku karo de.e? Nek sayang tenan, ojo kegampangen medotke, pikir sing tenanan, nek kirone koe jek sanggup karo de.e yo bertahan sek. Nek koe wes rasanggup, lagek kondo apik-apik, de.e tetep kon berubah, kon ngehargai koe sek ojo langsung pedot. Kesane malah pie banget sitik-sitik pedot.
Susah emang nek pacaran karo wong atos, opo meneh adewe mesti diapusi. Ning yo koe kudu mahami de.e, sing sabar sek. Enek wayahe de.e mengko nyadar nek selama iki koe enek nggo de.e. Sing ndue cowok tukang mabok/rokokan sopo? Nek koe ngerti wonge koyo ngono, ojo mandek langsung, kongkon ngurangi sitik-sitik. Podo wae nek koe ndue cewek hobby shopping/jajan, ngandani kon ngurangi, ojo nyeneni ngakon mandek. Uwong atos, nek diatosi malah koyo geni mbok semproti bensin. Tapi nek wong atos mbok alusi, mengko koyo watu ditetesi banyu, suwe-suwe iso pecah dewe angger koe sabar.
Permasalahan ning njero hubungan kui iso diatasi kok anggere koe karo de.e iso ngampet emosi. Gunane koe emosi kui opoto? Mung gawe kesel, gawe luwe, gawe rugi awakmu dewe. Nek meh ngejak omongan tentang masalah ning hubunganmu karo de.e, enteni sek ojo pas masalahe kui jek panas banget. Ibarate koe mangan gorengan, enteni sek ben rodok adem ojo lagek bar di goreng langsung dipangan, mengko koe dewe kepanasen.
Pacaran sing luwih apik kui sing iso mlaku tanpa padu, tanpa kudu uring-uringan terus antara koe karo de.e. Pacaran bendino padu ki emange koe ra kesel? Pacaran ki santai, rasah kegowo serius banget kecuali nek koe karo de.e pendekatan dinggo rabi. Lanek gur pacaran epyek-epyek golek seneng we kok dadak dipikir serius banget.
Misale yangmu selingkuh, yo ojo nyalahke yangmu sek. Pikir sek koe kui kurange opo to kok nganti de.e nyelingkuhi koe. Perbaiki diri sek ojo langsung nyeneni wonge. Paribasan githok e dewe raiso disawang, tapi iso nyawang githok e uwong ning luwih becik usaha nyawang githok e dewe disik daripada ngelokne githoke uwong. Yo sok paribasan diam itu emas iso kanggo ning njero hubunganmu. Ndue o sifat/watak sing tenang, mengalir koyo banyu mili. Lan ndueo hubungan yo sing koyo banyu mili, insyaallah Gusti bakalan ngek i dalan padang. Nek cah kae-kae sing kondo teko le tenang, mengko lak Gusti ngek i dalane dewe. Tenang wae, koe keblasuk ramungkin kentekan dalan dinggo ning dalan sing bener meneh, nek dalane buntu lakyo koe enek sing ngandani nekra yo enek tulisane..
Sekian dan maturnuwun sampun maos tulisan kulo. Menawi wonten sing kliru, mang mensyen twitter kulo @perasaanmutok utawi bbm PIN:7F3A27A5.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar