Pacaran? Opo sing mbok pikirne tentang pacaran? Opo to jane manfaate koe pacaran? Opo rugine nek koe pacaran? Opo rugine nek koe ra pacaran? Menurutmu opo? Iso njawab?
Pacaran jaman saiki luwih disawang dadi tren. Padahal nek jaman mbiyen kui pacarane nek wes tenanan arep rabi. Lanek saiki? Durung karuan rabi we sayang-sayangan, ambung-ambungan, nganti kelon-kelonan barang. Oalah~
Nek ra pacaran koe rugi ra? Nek aranku ora. Koe ngirit pulsa rasah sms/nelfon terus, meh dolan rasah ngenteni yangmu, opo-opo rasah nunggu pendapate yangmu. Malah luwih bebas. Randue yang koe yo jik iso urip, randue yang koe yo jik enek sing gagas kok ya..
Untunge koe pacaran? Nyandang status pacaran, ora dieceni jomblo wae. Nek lagek down disemangati pacar luwih semangat. Ning, nek ho'o pacarmu kui gagas koe? Nek ora? Haha. Untunge aku ramudeng banget sih.
Ngene ya, ojo nyawang pacaran dadi tren. Nyawango pacaran kui dinggo masadepan, jaman saiki nek nuruti tren kui raenek entek e bwooss... Mantepne ati, nek emang koe raseneng karo kui yowes rasah pacaran karo kui. Cedak kono-kene ramasalah, ibarate koe kui panen mutiara, sing cacat dipisah, sing apik disimpen tenanan. Soale, semakin mulus semakin mahal. Paham?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar