Kamis, 11 September 2014

MANTAN

Ngopo akeh uwong susah nglalekne mantane? Jarene sing uwes yo uwes? Tapi kok mantan jek di eling-eling terus? Lakok koe jek do seneng galau mergo mantan? Jarene mantan kui mung bagian seko masalalu? Tapi ngopo mantan kok jek mbok sawang wae terus-terusan???
Mantan kui raperlu dilalekne, ning yo ojo dieling-eling. Opo wae, semakin koe berusaha nglalekne, semakin susah. Ibarate koei arep gegem pasir. Tambah mbok gegem, pasire kui tambah entek dan akhire koe raiso nggegem pasire kui.
Mantan entuk dieling, ning dieling tok wae rasah nganggo perasaan. Mbok piye-piyeo mantan kui wes tau gawe adewe seneng. Dielingi pas seneng-senenge tok wae, pas nglaranine? OJO!!! Kelakon keloro-loro koe mengko mergo kelingan kui..
Mantan cukup didadekne konco wae. Nek dinggo konco oke, nggo curhat oke. Tapi nek dinggo balen? OJO NGANTI. Jenenge wae mantan, wes tau pedot mesti mergo enek sesuatu sing ora cocok lan marakne dadi pedot. Ning mantan ojo tau mbok gawe dadi musuh, mergane nek koe nganggep mantan kui musuh, koe rabakalan iso lali karo mantanmu kui mau.
Pada intinya, mantan yo mantan. Daden apik-apik, putuse yo apik-apik. Sakdurunge yang-yangan kui seko kekancan, bar putus yo kudune dadi kekancan meneh. Ojo gur njipuk seneng-senenge tok karo wonge, ning bar pedot njuk lali nek wonge kui yo tau nggawe senenge atimu. Hlakok koei koyo sang Juara wae.. Dadi uwong sing legowo. Ojo kondo koe ikhlas pedot nek endinge koei jek ndongkol nek ketemu wonge.. Oke? sekian, dan maturnuwun.. :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar