Hatkor? Resing? Cah nyandang? Cah merk? Asline ngopo to koe do mbedak"ne ngono kui?
Asline hatkor, resing dll. kui kan hak e mereka dedewe arep milih ndi. Dan koe rasah komentar tentang mereka nek koe ncen ramudeng mereka kui opo lan piye.
Anak resing? Anak resing yo enek beberapa golongan, golongan sing wong njero bongso sing ndue bengkel, mekanik, nganti sing joki. Golongan tengah-tengah kui gawene ngewangi sok kadang, dan sok kadang yo mung nongkrong. Golongan njobo kui isine wong-wongan sg golek tenar nganggo jeneng bengkel, gaweane majang opo sg berkaitan dengan balap dan bengkel e sing dieloni kui. Nek menurut sawanganku ngono.
Anak hatkor termasuk anak nyandang dan anak merk? Durung mesti. Sok kadang sing cah ben-benan tenan kui ratau nyandang. Malah sing cah nyandang kui yo ibarate koyo cah resing golongan njobo. Nyandang ben ketok koyo cah hatkor lah, cah metal lah.. Padaal nek ora sitik cah nyandang kui luput. Contone aku tau nongkrong ning deganan manahan, isine cah nyandang. Jakete kui sing koyo mantol krusek-krusek, sepatune vans, nganggone katok levi's lintingan. La de.e cah nyandang mlebu genre opo? Lakok campur aduk ngono? Mbangane nyandang raiso matutke awak, mending klambenan biasa wae, santai, kalem rasah sing-sing wesbar. Kan nek disawang karo wong sing mudeng kui dadine lucu, wagu.
Sawangan tentang resing, ra kabeh cah resing kui brutal. Sing brutal akeh-akehe kui cah njobo sing golek eksis. Biasane ngene, nantang padu trus ngmg “aku bocahe kae” ben lawane wedi. Ning malah de.e ketoro banget nek golek tenar. Nek meh padu mbokwes rasah gowo jeneng bengkel, ngisin-isini mas, mbak. Oh iyo, cewek resing ra sak kabehe baulan, ra kabeh giliran. Emang enek, tapi sing kui biasane de.e golek tenar nganggo coro cepet yaitu gelem dituroni kono-kene. Bar jokine trus mekanik e, trus genti sopoo trus mbuh deh. Hiii.... Tapi nek cewek resing asli, de.e seneng resing yo de.e biasa-biasa wae, ra ketok menonjol malahan. Contone? Enek balapan de.e mangkat. Tapi luwih sering mangkat resmi daripada liar. Ngono kui cewek yo'i. Koncone anak resing akeh banget, tapi de.e dikenal apik ratau neko-neko.
Sawangan tentang cah nyandang? Cah nyandang kui emang senengane mipik opo-opo dinggo sandangan. Asline mereka yora berlebihan, tapi mereka berusaha mengikuti tren/mode. Dan ra kabeh cah nyandang kui nek tuku sandangan njaluk duit wong tuwone. Nek sing njaluk duit wong tuwo berarti kui cah aleman. Sok kadang cah nyandang kui nyelengi dewe dinggo tuku opo sing dipengeni de.e. Iso wae de.e nyandang kui njaluk wong tuwo, tapi yo mung sebagian tok duite dijaluk mergo de.e ndue celengan dewe. Ra kabeh kok cah nyandang kui isine guwak-guwak duit. Wong sandangan larang ro murah nek sing nganggo rapatut yo tetep wae elek.
So, intine. Ojo saling ngejudge. Koe dewe durung karuan bener, ojo mung gaco ngomongke uwong nek koe ramudeng sing asli dan sing tenanan koyo piye. Aku ning kene berusaha netral. Misal enek sing ra mbok senengi seko omongan dan postinganku iki, iso protes seko twitter @perasaanmutok opo bbm, cek ning bio enek. Nuwun gaes :);)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar