Jumat, 31 Januari 2014

KIMCIL

Suatu sore, aku mulih sekolah.
Lewat ning taman, isine cah SMEA karo cah STM. Yo byasa cah STM lakyo lingguh, nggerombol karo udat-udut. Sing cah SMEA ider karo konco-koncone nekra yo crito bengak-bengok sok heboh, sok caper karo lanang-lanang STM.
Singkat cerita, byasa to cah SMEA nek sakdurunge mulih kan dandan, gen tetep ketok ayu (yo mbuh nek gen digodani cah STM). Bel sekolah muni, do kecer kabeh metu gerbang. Lewat taman do heboh. Enek sing lambene diabang-abang, sisiran mlithit, pupuran sak wadah dinggo kabeh, kuciran nganti dhuwure sak tower, adus minyak wangi dan lain-lain. Asline kui bali sekolah opo bali nananana to yo?
Dan lanangane STM gelem-gelemmen yoan nggodani kimcil-kimcil wujud koyo ngono. Dioyak, jaluki nomer. Ning cah SMEA biasane ki pinter, nek tumpakane ora apik, ra dikekii nomer. Tapi yen tumpakane rodok memper sitik kui mesti dikekii nomer. Yo standar minimal FU lah. Standar motor idaman para kimcil ngono kae.
Ning nggumunku kui, sekolahe ra dipikir, tapi mulih sekolah semangat tenan sing dandan. Berarti mangkat sekolah gur embel-embel gen mulihe iso dandan karo digodani cah STM? Sing cah STM barang sekolah yoora dipikir, ning mikir mulihe sekolah bakal njaluki nomer wedokan modelan piye meneh. Hahaha..
Kowe termasuk salah siji seko kimcil-kimcil opo cah STM kuwi mau pora? Nek ho'o yo bangeten. Mitamit jabang bayiiiikkk~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar