Selasa, 04 Maret 2014

LDR (Long Distance Relationship)

jaman saiki lagi usum LDR, alias long disten relesionsip mbuh piye nulise..
aku gumun karo sing do LDR, asline opo penak yo LDR ki?
ndue yang tapi adoh, nek butuh opo-opo raiso njaluk tulung yange..
hayo podo wae rasane kui randue yang, tapi mung nduwe bribikan..
hla pie?
nduwe yang siji, tapi adoh, gek ratau ketemu, ratau dolan bareng..
kok yo iso yo yang-yangan model ngono?
tapi saiki nyat jaman e uwis maju, iso skype-an, iso bbman, iso twitteran..
dibandingke jaman mbiyen, yang-yangan we enek wayahe, kirim-kiriman surat, arep ngerti kabare dadak nunggu berminggu-minggu..
tapi nek aranku ngono kui luwih so suit drpd yang-yangan model jaman saiki..
hapie? gur mbukak hape we iso ngerti yange lagek ngopo, iso langsung kontek dalam hitungan detik..
nek jaman biyen? justru suwene kui sing marakne greget.. kangene kroso tenan, bareng ketemu pisan rasane ati ploooonnggggg tenan..
nek yang-yangan jaman saiki? malah ketemu padu, blas ranek so suite~
aku sebagai peninjau, lan sebagai pelaku, nek yangku gelem tak ajak rodok jadul we aku milih surat-suratan, gen suk enek bukti surat cintane, iso dienggo crito anak-putu jaman mbuh kapan..
lanek lewat internet? lewat dunia maya? trus arep nyimpen model pie? di keptur? hayo nek ra kebusak? lanek kebusak? mesakne~
menurutmu kowe pilih yang-yangan jaman mbiyen opo saiki?

1 komentar: