Jaman mbiyen, durung enek twitter, durung enek sosial media sing ra ceto ning gayeng koyo ngeneki.
Jaman mbiyen ki paling isine dolanan yo delikan, dakonan, uding, halma, lompat tali, engklek, sek jem! Uding ro lompat tali ketoke podo. Lanjut! Nekeran, lan liya-liyane sing gayeng pokoke.
Jaman saiki gur mbukak twitter tok wae iso ngakak, iso ngguyu, iso nangis, iso edan!
Hanek dibandingke karo jaman mbiyen ki bedo adoh, njomplang biyangeeeettt...
Jaman mbiyen pengen ngguyu, gojekan enek wayahe, nek saiki pengen ngguyu we langsung mbukak twitter trus nggoleki tweet sing lucu-lucu wes bar.
Ning jujur malah mesakne sing uripe serba instan. Hapiye? Karo nglekar wae iso kok. Lak yo marakne kesed, nek wes kesed njur males obah, bar kui isine gur ndekem nyekel hp/laptop/tablet/kapsul/puyer sambi mangan. Barkui awake do njebroooottttt....
So, nek enek wong lemu ki diagnosa pertamaku yo kui mau. Mesti wonge kui maniak karo twitter, lan sosial media liyane, soale isine mung ndekem karo mangan tok, ratau obah. HAHAHA!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar