Jumat, 19 September 2014

PACARAN

Pacaran? Opo sing mbok pikirne tentang pacaran? Opo to jane manfaate koe pacaran? Opo rugine nek koe pacaran? Opo rugine nek koe ra pacaran? Menurutmu opo? Iso njawab?

Pacaran jaman saiki luwih disawang dadi tren. Padahal nek jaman mbiyen kui pacarane nek wes tenanan arep rabi. Lanek saiki? Durung karuan rabi we sayang-sayangan, ambung-ambungan, nganti kelon-kelonan barang. Oalah~

Nek ra pacaran koe rugi ra? Nek aranku ora. Koe ngirit pulsa rasah sms/nelfon terus, meh dolan rasah ngenteni yangmu, opo-opo rasah nunggu pendapate yangmu. Malah luwih bebas. Randue yang koe yo jik iso urip, randue yang koe yo jik enek sing gagas kok ya..

Untunge koe pacaran? Nyandang status pacaran, ora dieceni jomblo wae. Nek lagek down disemangati pacar luwih semangat. Ning, nek ho'o pacarmu kui gagas koe? Nek ora? Haha. Untunge aku ramudeng banget sih.

Ngene ya, ojo nyawang pacaran dadi tren. Nyawango pacaran kui dinggo masadepan, jaman saiki nek nuruti tren kui raenek entek e bwooss... Mantepne ati, nek emang koe raseneng karo kui yowes rasah pacaran karo kui. Cedak kono-kene ramasalah, ibarate koe kui panen mutiara, sing cacat dipisah, sing apik disimpen tenanan. Soale, semakin mulus semakin mahal. Paham?

Rabu, 17 September 2014

MOVE ON

Dinggo koe sing do ngaku-ngaku move on!

Ojo tau koei kondo wes move on nek kenyataane koe durung move on! Percoyo o nek koei koyo ngono iso nglarani, mbuh nglarani koe dewe yombuh nglarani sing mbok apusi kui mau. Koe kondo koe sayang kae, ning atimu ijik dinggo iki. Aduuhh tulung maassss, mbaaaakkk... Koei ngapusi yo nggo opo, tiwas nyikso awakmu dewe lah ya.. Nyikso batinmu ding sing bener, ning awakmu ketut loro mergo kakean mikir..

Koe ngapusi masalah move-on, kui asline sesuatu sing nggilanik. Lakok iso nggilanik? La soale koei munafik, koei ragelem ngakoni nek koei durung iso move-on seko wong kae. Kui ciri-ciri pengecut, pecundang sing isone ndelik tur golek aman. Plisdeehh...

Koe durung move on ning kondo nek koe wes iso move on kui ben opo?? Ben dikiro koe juara? Padahal susah move on kui tondo nek koe setia. Wong koe ngapusi kui mengko sing rugi kan ora koe dewe, sing rugi kan kabeh. Mikir adohlah.. Mikir dewasa.. Ojo koyo abege labiiillllssss....

Saran ya, nek emang durung iso move on jujuro. Ning yo koe tetep kudu usaha pie carane ben koe iso move on. Move on ra kudu cepet-cepet kok. La cepet-cepet ki ngopo? Kejar setoran? Jare wong londo, take it slow. Perlahan tapi pasti. Mbangane kesusu, ning endinge ra langgeng mergo koe ning ati isine mung mbandingke antara iki karo kae??

Kamis, 11 September 2014

MANTAN

Ngopo akeh uwong susah nglalekne mantane? Jarene sing uwes yo uwes? Tapi kok mantan jek di eling-eling terus? Lakok koe jek do seneng galau mergo mantan? Jarene mantan kui mung bagian seko masalalu? Tapi ngopo mantan kok jek mbok sawang wae terus-terusan???
Mantan kui raperlu dilalekne, ning yo ojo dieling-eling. Opo wae, semakin koe berusaha nglalekne, semakin susah. Ibarate koei arep gegem pasir. Tambah mbok gegem, pasire kui tambah entek dan akhire koe raiso nggegem pasire kui.
Mantan entuk dieling, ning dieling tok wae rasah nganggo perasaan. Mbok piye-piyeo mantan kui wes tau gawe adewe seneng. Dielingi pas seneng-senenge tok wae, pas nglaranine? OJO!!! Kelakon keloro-loro koe mengko mergo kelingan kui..
Mantan cukup didadekne konco wae. Nek dinggo konco oke, nggo curhat oke. Tapi nek dinggo balen? OJO NGANTI. Jenenge wae mantan, wes tau pedot mesti mergo enek sesuatu sing ora cocok lan marakne dadi pedot. Ning mantan ojo tau mbok gawe dadi musuh, mergane nek koe nganggep mantan kui musuh, koe rabakalan iso lali karo mantanmu kui mau.
Pada intinya, mantan yo mantan. Daden apik-apik, putuse yo apik-apik. Sakdurunge yang-yangan kui seko kekancan, bar putus yo kudune dadi kekancan meneh. Ojo gur njipuk seneng-senenge tok karo wonge, ning bar pedot njuk lali nek wonge kui yo tau nggawe senenge atimu. Hlakok koei koyo sang Juara wae.. Dadi uwong sing legowo. Ojo kondo koe ikhlas pedot nek endinge koei jek ndongkol nek ketemu wonge.. Oke? sekian, dan maturnuwun.. :)