Jumat, 31 Januari 2014

KIMCIL

Suatu sore, aku mulih sekolah.
Lewat ning taman, isine cah SMEA karo cah STM. Yo byasa cah STM lakyo lingguh, nggerombol karo udat-udut. Sing cah SMEA ider karo konco-koncone nekra yo crito bengak-bengok sok heboh, sok caper karo lanang-lanang STM.
Singkat cerita, byasa to cah SMEA nek sakdurunge mulih kan dandan, gen tetep ketok ayu (yo mbuh nek gen digodani cah STM). Bel sekolah muni, do kecer kabeh metu gerbang. Lewat taman do heboh. Enek sing lambene diabang-abang, sisiran mlithit, pupuran sak wadah dinggo kabeh, kuciran nganti dhuwure sak tower, adus minyak wangi dan lain-lain. Asline kui bali sekolah opo bali nananana to yo?
Dan lanangane STM gelem-gelemmen yoan nggodani kimcil-kimcil wujud koyo ngono. Dioyak, jaluki nomer. Ning cah SMEA biasane ki pinter, nek tumpakane ora apik, ra dikekii nomer. Tapi yen tumpakane rodok memper sitik kui mesti dikekii nomer. Yo standar minimal FU lah. Standar motor idaman para kimcil ngono kae.
Ning nggumunku kui, sekolahe ra dipikir, tapi mulih sekolah semangat tenan sing dandan. Berarti mangkat sekolah gur embel-embel gen mulihe iso dandan karo digodani cah STM? Sing cah STM barang sekolah yoora dipikir, ning mikir mulihe sekolah bakal njaluki nomer wedokan modelan piye meneh. Hahaha..
Kowe termasuk salah siji seko kimcil-kimcil opo cah STM kuwi mau pora? Nek ho'o yo bangeten. Mitamit jabang bayiiiikkk~

Jumat, 17 Januari 2014

TWITTER

Jaman mbiyen, durung enek twitter, durung enek sosial media sing ra ceto ning gayeng koyo ngeneki.
Jaman mbiyen ki paling isine dolanan yo delikan, dakonan, uding, halma, lompat tali, engklek, sek jem! Uding ro lompat tali ketoke podo. Lanjut! Nekeran, lan liya-liyane sing gayeng pokoke.
Jaman saiki gur mbukak twitter tok wae iso ngakak, iso ngguyu, iso nangis, iso edan!
Hanek dibandingke karo jaman mbiyen ki bedo adoh, njomplang biyangeeeettt...
Jaman mbiyen pengen ngguyu, gojekan enek wayahe, nek saiki pengen ngguyu we langsung mbukak twitter trus nggoleki tweet sing lucu-lucu wes bar.
Ning jujur malah mesakne sing uripe serba instan. Hapiye? Karo nglekar wae iso kok. Lak yo marakne kesed, nek wes kesed njur males obah, bar kui isine gur ndekem nyekel hp/laptop/tablet/kapsul/puyer sambi mangan. Barkui awake do njebroooottttt....
So, nek enek wong lemu ki diagnosa pertamaku yo kui mau. Mesti wonge kui maniak karo twitter, lan sosial media liyane, soale isine mung ndekem karo mangan tok, ratau obah. HAHAHA!

BANJIR

Ning tipi, beritane banjir kabeh..
Banjir ki teko mergo UDAN. He'e. U D A N.
Le genah udane kui mergo jomblo! Salahe JOMBLO!
Koe jomblo nyusahne wong akeh..
Doa mu ii hlo le njaluk udan, marakne banjir nengendi-endi.
Makane, jomblo yo jomblo ning rasah merugikan wong liyo!
Koe jomblo yo kui deritamu dewe, rasah ndongo sing-sing to...
Sakno le arep rabi, dadi rabi dikepung karo banjir~

Mungkin

Nek yangmu nesu, mungkin mergo lagi sadar nek kowe elek.
Nek yangmu lagi seneng, mungkin mergo wonge nduwe bribikan anyar.
Nek yangmu nangis, mungkin yangmu lagi mudeng ternyata koe elek banget.
Saiki cobo ngoco sik ndang!
Ndak yo bener to omonganku?
Ojo nyalahne sing nulis, tapi pikirne wae iki kabeh sing tak tulis.
Setuju?