Tahun 2014 wes rampungan, iki wes mlebu 2015 dan koe isih berharap de.e gelem balen? Plisdeh tuluuunngg!!!!
Akeh menungso sing raiso nyadari opo sg wes di ndueni, makane nganti isih berharap karo sg durung mesti lan durung karuan bakal iso kecandak. Enek sg kondo "Nothing Impossible" tapi nek menurutku, selama koe mung berharap dan ratau enek usaha, kalimate bakal malih dadi "Nothing and Impossible".
Kecandak opo orane kekarepan kui yo mung mergo adewe kok. Tuhan kui mung nentukne adewe patut ngentukne sg dikarepke opo ora. Koe iso ngentukne opo ora kan kabeh yo seko koe dinggo koe dewe to? Contone, koe pengen tuku sepatu sg lagek ngetrend (sebut saja Nike Airmax) tapi nek koe mung pengen karo ndongo tok, opo yo koe bakal entuk? Entuk o koe ngko dibalang nganggo sepatune kui karo Gusti nek isomu mung njaluk karo Gusti tanpo gelem usaha. Paham?
Nek emang sayang, emang cinta, yo piye caramu lan usahamu ben de.e bahagia. Sg penting koe wes usaha, balesan dinggo koe, ngko Gusti sg ngatur. Termasuk opo wae lah, nek emang koe kepengen ngentukne sesuatu, yo koe usaha karo ndongo ben Gusti kui ngek i bantuan ben koe gampang ngentukne kui dg usahamu dewe. Wg yo Gusti kui mudeng kabeh, wes dipasang CCTV ng sekitaranmu kok.. Santae wae, kayak di pantaaaeee... Hahaha :D
Oh iyo, ngomongke dongo.... Make a wish saben ganti tahun lan ganti bulan. Penting? Nek menurutku penting dinggo memotivasi diri. Tapi saiki usume dongo di apdet ben akeh sg ritwit, ben eksis, ben tenar, ben terkenal. Kui dongo, dudu sesuatu sg sak patut e dingonokne. Dongo kui sakral, ikatan antara koe karo Gusti (sg rumongso ndue Tuhan wae). Tur yo percuma dongo mu mbok apdet, emange Gusti ndue twitter/pesbuk/bbm/dll.? Gusti luwih canggih mbangane koe, ibarate koe durung sido apdet, lagek mbok batin we Gusti ws mudeng kok. So, plis ojo stupid! Be pinter, ojo be pekok. Oke?
Opo sitik di apdet. Ben opo sih? Koe tenar, eksis ng dunia maya yora jaminan koe mlebu surgo. Kecuali nek koe kui iso gawe uwong ngguyu terus, minimal senyumlah.. Kui koe wes termasuk berusaha nyenengke uwong dan koe tetep bakal entuk balesan seko Gusti atas usahamu gawe seneng makhluk ciptaane. Koyo admin e iki sg unyu baik hati tidak sombong dan suka menabung(termasuk menabung pipis di celana). Oke, ketoke admine mulai kepengen pipis, dan menurutku cukup nganti kene sek wae postinganku. Nek kangen admin e yo entuk request lah ning twitter. Baaaaaaayyyyy! Lope yuuuu~
Salam Hangat(rodok pesing),
Admin unyu :$
NB: protes? Dilayani via
Twitter: @perasaanmutok
email: perasaanmutok.official@gmail.com