Kamis, 22 Mei 2014

LULUSAN

Aku nggumun jaman saiki bocah raenek sing mutu. Lulusan sak awak dadi koyo renbo kek, dadi werno werni. Kui asline ngopo to cah? Koe arepo do seneng-seneng ning mbok yo sing rodok wajar. Hanek koe seneng-seneng modelan koyo ngono kui trus kui opo? Merayakan opo? Kelulusan? Nek aranku dudu. Koe ngerayake statusmu anyar sing saiki dadi PENGANGGURAN. Status pengangguran wae dadak dirayakne, dibanggak-banggakne barang. Koe seneng-seneng kudune ngelingi, ra gur gaco seneng-seneng sak penake gundulmu dewe.
Jaman mbiyen, durung enek kelakuan bocah koyo ngono. Ngguwak duit mung nggo tuku pilok karo spidol. Mbokwes pilok karo spidole tak pek e tak nggo nggambar wae to daripada mung arepan dienggo corat-coret ra mutu. kui pikirane jane cupet opo piye? Manfaate opo? Mubeng-mubeng, corat-coret awak nganggo pilok. Ngentekne duit tok. Hanek kui duitmu dewe rapopo le, ndhuk. Hanek kui duite wong tuwo? Mesakno wong tuwomu mung mbok jalukiiiiii terus tapi koe ratau ngeki ning wong tuwomu. Nyat durung wayahe, tapi nek misale njaluk duit dinggo sing rapenting hambokwes leren!
Lulusan kui kudune sebagai ajang bersyukur dinggo lulusan-lulusan anyar, ora kok malah do pating njranthal koyo wong ra berpendidikan. Kudune kui malah meneng, mikir bar lulus arepan ngopo meneh, ora kok malah seneng-seneng Ncen seneng-senengmu kui sedino, hanek ujianmu urip opo gur sedino? Hayo nek misale koe wes seneng-seneng tur koe wes kerjo kui penak kan koe rasah mikir meneh, rasah nggantungke urip ning pak mbokmu. Lagek anyaran lulus, jik pengangguran we mung ngothang-ngathung kono kene! Mbok usaha piye caramu! Ojo koyo cah bayi, umur wes 18+ wes wayahe nonton bokep kok ijik nonton sepongbob wae. Corodene kudune wes mikir dadi wong gedhe, ning kok jebul mikire jik koyo cah bayi sing hura-hura ngguwak dhuwit kono-kene..
Oalah lee... Ndhuuukkk...
Kudune sak durunge opo-opo kui mikir, ora kok mung gaco. Mugo-mugo lulusan sing sesuk luwih dipikirne tenanan sing hura-hura. Daripada konvoi ra cetho bak-baki dalan, mbokwes party ning omahe sopo ngono pesta dewe, mangan-mangan, butuh coret-coret yo kono, penting ora ning pinggiran dalan bengak-bengok koyo wongedan, koyo brandalan. Nuwun.. - By: Admin @perasaanmutok